Bismillahirrohmanirrokhim
Asalammu’alaikum Wr.Wb
Puji kelawan Syukur kunjuk ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarto hidayah dateng kito, sahinggo kito tansah saget ngraosaken kesarasan sarto kabingahan sarto umur panjang ingkang miggunani.
Pramilo kesinggihan kito meniko
mapan ing tlatah tanah jawi, langkung langkung kito ingkang ngakeni bilih
tanah jawi mujudaken wutah rah kito, ateges kito hanggadahi satunggaling
kewajiban kangge nguri uri kabudayan jawi ingkang sakyekti adiluhung, supados
datan kalindes dening kabudayan sanes, langkung langkung kabudayan saking monco
negari, sahinggo kabudayan kito ingkang sayekti adiluhung meniko malah keporo
dipun kiwak-aken.
Wonten
ing mriki kepareng kulo nderek cawe-cawe sanadyan bobot-ipun pindho lebu
ingkang miber, namung mugi mugi saget migunani dateng kulo pribadi, tonggo
tepalih, langkung langkung dateng poro kadang ingkang kepareng maos seratan
meniko.
Pramilo
seratan meniko mligi kulo tujokaken dateng poro mudo tuwin poro kadang ( pemula
) inkang adreng sinau boso jawi.
Nun-injih
kawruh meniko pramilo anggen kulo jum-jum saking mapinten pinten sumber, saking
buku buku, saking pasrawungan, saking kawontenan, lan saking othak-athik
gathuk. Pramilo estunipin dereng pantes manawi seratan meniko kulo aturaken
dateng poro kadang, pinongko lelandesaning ngudi kawruh babagan boso jawi.
Namung karono kadereng saking kahanan ingkang tansoyo dangu tansoyo ical
kabudayan jawi mliginipun boso jawi.
Namung
perlu caos pemut dateng poro kadang, hambok bilih samangke penjenengan sapun
saget, utawi keporo wasis, sampun kaget menawi dados kengkenan-ipun
tiyang katah, jalaran kagunan kabudayan boso jawi jangkep meniko, ing titi
wekdal meniko sampun angel anggenipun madosi ( langka ).
Poro
kadang ingkang kinurmatan, sumonggo kito sareng sareng ngudi kawruh, mliginipun
babagan boso jawi ingkang tansoyo surem sunaripun.
Namung semanten purwakanig atur kulo mugi mugi sanajan
datan wonten bobot-ipun saged migunani dateng pesrawungan kito ing madyaning
masyarakat agung.
